Senin, 26 November 2012

Isuk mau sardot dolan neng omahe sodron karo nggowo bungkusan neng kresek ireng..

Sodron : "opo kuwi dot?"

Sardot : "iki aku nggowo pelem arum manis.. jajalo..manis tenan koyo aku lho,.hehehe.."

Sodron : "pelem nyolong yo?"

Sardot : "kakean cangkem gari mangan kok.."

Sodron : "sori dot..jare simbokku barang colongan ki ra dadi daging.. Pangano dewe!"

Sardot : "kowe kesambet opo dron.. Iki lho seger tenan..opo ra ngiler kowe dron?"

Sodron : "sakjane aku yo kepengen dot... Tapi...."

Sardot : "iki lho dron..peleme wernane ijo semu oranye sithik..."

Sodron (ngelek idu) : "ojo mameri toooow..."

Sardot : "Ki jal.. Ambunen sithik.. Wangine puooll.."

Sodron (nglirik sithik) : "halah dot...uwes tow.. Uwes lah..."

Sardot : "umpomo dikocek... daginge dron.. daging peleme... ckckck.. Kuning Kuandel buangeti dron.."

Sodron (Karo merem) : "duh gusti paringono sabar seko godo setan...."

Sardot : "nek dicokot sithik dron.. Sithiiiiik wae... Rasane koyo mabur neng awang awang langit kepitu... Istimewawawawawawa.."

Sodron (tutupan kuping) : "dot cukup dot..."

Sardot : "oke dron... Aku ameh jujur.. Pelem iki asline ORA PELEM COLONGAN kok.."

Sodron (kaget): "hah?? Terus pelem opo?"

Sardot : "iki jenenge pelem..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...NGUNDUH TANPO PAMIT.. "

Sodron : "hahahaha.. mbok ngomong ket mau..tak kiro nyolong.. Yo wes tak jupukno peso ndhisik.."
Isuk mau Sardot mlayu banter banget.. Ora ndelokke ngarep,neng tikungan gang nabrak sodron sing lagi mlaku alon..

GUBRAAAKK!!

Wong 2 kuwi tibo klekaran neng dalan..

Sodron : "MUNYUK !! mlayu ra weruh dalan..! Mripatmu neng dengkul po dot??"

Sardot (ngos-ngosan) : "aku lagi dioyak-oyak dron..."

Sodron : "dioyak-oyak opo dot?"

Sardot : "anu.. Kucing.."

Sodron : "hah?? Kucing?? HAHAHAHA.. dasar wong pekok..karo kucing kok wedi.."

Sardot : "tapi dron,. neng mburine kucing kuwi ono KIRIK jal!!..aku wedi tenan.."

Sodron : "Lha nek kirik memper nek wedi.. Tapi yo ra perlu ngos-ngosan ngono tow?"

Sardot : "iyo..tapi neng mburi kirik mau ono TUKANG KREDIT dron.. Melu ngoyak-oyak aku.."

Sodron : "halah.. Kan iso disemayani.."

Sardot : "iyo dron.. Tapi neng mburine tukang kredit kuwi ono SING DUWE KONTRAKANKU nagih sewan kamar wes telat setahun.. Galak tenan wonge.."

Sodron : "wah.. Ngawur kowe dot..mburine gek ono maneh ra kuwi?"

Sardot : "ono dron.. MOROTUWOku.. aku mung takon kapan warisane dibagi.. Lha kok nesu..aku dioyak-oyak ameh dipateni.."

Sodron : "huahahaha.. Mantu edan tenan.. Tapi aku penasaran dot.. Sing mburi dewe ngoyak-oyak kowe sopo yo?"

Sardot : "ooh.. Kuwi.. Sing mburi dewe ngoyak aku ki... BOJOMU dron..!! Hehehe"

Sodron : "lho?? Kok iso bojoku melu ngoyak-ngoyak kowe?? Critane kepiye dot??"

Sardot : "ngene dron.. Critane mau pas aku dioyak-oyak kewan lan wong-wong kuwi,aku mlayu lewat omahmu..lha bojomu isih nyapu latar.. Trus bojomu...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...tak AMBUNG seko mburi..

Eh bojomu nesu karo muni-muni trus melu ngoyak-oyak aku karo nggowo sapu...hehehe..

Aku tak mlayu maneh yo dron?"

*sardot dioyak sodron

Minggu, 11 November 2012

pancene Sardot ki wes ndugal ket cilik ane..
iki crito nalikane Sardot pas kelas siji SD ajar matematika

Guru : njajal saiki kwe jum nduk cah ayu bar ongko siji njur trus ongko piro..?

Juminten : loro telu papat bu....!!!

Guru : wah pancen pinter we ki jum lumrah nek kowe ringking terus..


Juminten : enjih bu xixixixi ...kulo diwarahi simbok wayah sinau nek mbengi...(karo mesam mesem)

Guru : nah saiki kowe cobo togok nek bar ongko enem ki njur piro..?

Togok : pitu wolu songo bu....!!!

Guru : we lah saiki pinter kowe le.....

Togok : guweh gitu loh..xixiixxi

Guru : nha saiki kae sing mburi dewe ket mau mung ndilati mejo ae,,,njajal saiki tak takon bar ongko sepuluh njur piro dot sardot..?

.
.
.
.
..
.
.
.
.

Sardot karo raine memelas njawab : jarene bapak bar 10 niku JACK QUEEN KING AS bu.....

Guru : ngrikiti kapur tulis