Selasa, 02 Oktober 2012

Bengi iku,sardot ngajak juminten jajan nang warung nasi goreng.

tekan warung nasgor,sardot lungguh kursi sing mejone nomer 5.terus sardot di cedak'i pelayane

"pesen nopo mas?"

"aku pesen nasgor 2.
Sing siji pedes sing siji ora pedes,
sing pedes nasine wakeh,sing ora pedes nasine sithik wae,
sing nasine wakeh nganggo telur ceplok,sing nasine sithik nganggo telur dadar,
sing nganggo telur dadar nganggo kecap,sing telure di ceplok ora nganggo kecap,
sing nganggo kecap krupuk'e sithik wae,sing ora nganggo kecap krupuk'e sing wakeh..
Sing krupuk'e wakeh ora nganggo bawang goreng,sing krupuk'e sithik bawang gorenge di wakehi..
Lan siji maneh gak pake lama aku gelak luwe"

Pelayane mau banjur mlaku nyedak'i juru masak'e karo ngomong " Mejo no 5 Pesen Nasi goreng 2..sing siji LOMBOK'E 20,SING SIJI LOMBOK'E 50"
Saiki sodron dadi anak gahol,ngerti opo kuwi sing jenenge pesbuuk'an

isuk kuwi pas sodron mlaku mlaku karo paijem,sodron ketemu sardot

"kenalke dot,iki paijem..pacar ku..ayu ora dot..?"

"iyo,ayu tur seksi dron..ngomong ngomong entuk seko ngendi dron,pacar ayu ngono iku.."

"wingi entuk seko pesbuuk dot.."

"pesbuuk kuwi panganan opo dron..?"

"dasar kamseupay..pesbuuk kuwi jejaring sosial dot..ning kono kowe isi entuk konco lan pacar.."

"oh ngono tow dron..yo wis,aku tak mulih dhisik yo.."

sesuk'e,sardot langsung ning lapangan karo gowo jaring sing ombone 10meter

juminten sing ndilalah weruh,marani banjur takon karo sardot

"lapo kowe dot gowo jaring ombo..ameh golek iwak yo..?

"yen golek iwak,kuwi ning laut jum..iki aku ameh golek pacar.."

"opo hubungane jaring karo golek pacar dot..?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"wingi jare sodron,mergo jejaring sosial,sodron iso entuk pacar ayu jum.."

juminten: (dasar katrox)
Dino iki Sardot bungah banget ngasi jingkrak-jingkrak,ngguyu ngakak,tambah salto barang.. Sodrun sing weruh kahanan kuwi gumun.. Kok kancane ora koyo normale..

Sodrun:"nang opo kowe dot? Kok kelakuanmu koyo wong edan??"

Sardot:"huahaha..aku lagi seneng drun..seneng banget..huahaha"

Sodrun:"emange kowe bar seko endi tow?oleh opo?"

Sardot:"aku bar seko rumah sakit drun..jare dokter aku keno peny
akit KANKER UTEG..huahaha"

Sodrun:"opoo?? Kanker uteg?? Lha edan tenan kowe! Kuwi kabar elek! Kudune rak yo sedih po nangis tow kowe..!!

Sardot:"huahaha..aku ora sedih drun..aku malah seneng.. Amargo aku njuk ngerti nek jebule aku isih nduwe UTEG..huahaha.."

*sodrun melu salto
Critane juminten mulih seko pasar terus di takoni sardot

"kowe seko ngendi tow jum?"

"biasa kang seko pasar golek pakaian anyar kanggo persiapan lebaran.aku yo tuku baju wanita muslim lho kang model baru.."

"emange ono yo jum pakaian model baru"

"wuakeh kang..iki baju wis ono setelane clono panjang. Terus krudunge yo wis nyatu karo bajune.dadine ra usah tuku krudung maneh"

"cobo bajune di jajal jum..aku tak ndelok kowe nganggo baju muslim ketok ayu ora"

Juminten langsung nganggo bajune.

"kang bajune kok bentuk'e aneh yo?? Krudunge ugo aneh?"

"huahahahahaha..kui sing mbok tuku dudu baju muslim BEGO !!"

"Lha opo??"

"iku jenenge..

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

JAS HUJAN goblok !!!"
Juminten:slamt pagi anak"

Sardot sodrun :slamat pgi bu guru

Juminten :isuk iki pelajarane sejarah..ibu arep takon.. sopo sing nandatangi teks proklamasi?? Hayo di jawab..

Sodrun :mboten kulo lho bu..sumpah bu..

Sardot :nopo malih kulo bu..nulis mawon kulo dereng bener..

Juminten :dasar murid gobl*k !! (salto songko nduwur mejo)

>>>>>>>>

Sardot :bu nak nyukani pelajaran mbokyo sing gampil" tow bu...kulo mpun mumet lho bu..yakinlah..

Sodrun :injih bu..mbokyo sing gampil rumiyin...

Juminten : yo wis pelajarane di ganti matematika wae..siapke kalkulatore cepet !!!

Sodrun :siap bu guru

Sardot :okelah kalau begitu..

Juminten :siap yo..simak baik", Mukri duwe buku 4,terus bapakne mukri menehi maneh 12, mukri tuku maneh 3,pertanyaane..Sopo jenenge Ibune Mukri???

Sodrun :NGIKK (ayanne kumat )
Sardot :(ngemplok kalkulator )

>>>>>>>

Sodrun :bu kulo tak wangsul mawon nggih.daripada kulo stres...

Sardot :injih bu kulo nggih tak wangsul mawon..

Juminten :eeeee..kapan negorone maju nak muride do wegah sekolah koyo kowe kui..yo wis iki pertanyaan sing paling gampang di jawab sing bener...

Sardot Sodrun :siap bu guru..

Juminten :MEOOOONGGGGG..Hayo suoro opo??

Sardot :huaahahahahaha,..gampang...niku suoro KUCING..bocah alit mawon ngertos bu..

Juminten :salah GOBL*K !!!

Sodrun :mesti niku suoro CING KU tow bu???

Juminten :huahahaha..opo ono suoro CING KU..Kui mau kan Suoroku GOBL*OK !!!

sardot sodrun : guru streess (mblayu mulih ora pamitan)
Wengi iku sardot nyopir tronton nuju arah ing suroboyo

ing tengah dalan,enek polisi nyegat tronton'e sardot

(karo hormat)
"sugeng ndalu pak.."

(gemeter)
"su..sugeng ndalu pak.."

"saget di wedhal'ke surat surat'e..SIM lan STNK?"

"niki pak..monggo di cek"

"awit kapan bapak dados sopir tronton?"

"kulo sampun dangu(sudah lama) dados sopir tronton pak.."

"ning ngopo bapak mboten miguna'ake(tidak menggunakan) lampu rem..niku bahaya kangge pengendara liyane..bapak kulo tilang!"

(mlayu mburi tronton)
"hwaa..hwaa..hwaa.."

"lhoh wonten nopo bapak malah nangis..tenang mawon,biaya tilang'e mboten kathah"

"mboten soal biaya tilang'e pak..pinten mawon kulo mampu bayar..hwaa..hwaa"

"terus wonten nopo bapak nangis?"

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

"gandengan tronton kulo ting pundi...?"
Sardot sing lg tuku motor ninja anyar,isuk iku numpak'i motore nang dalan raya

amargo olihe numpak'i zig zag,sardot langsung di sumprit polisi sodron sing lagi tugas

"priiittt !!! Sampean ngerti aturan ora sih? nak numpakmu motor iku membahayakan orang lain..kowe saiki tak tilang.."

"bapak kedhah gadah toleransi kalih kulo tow pak..kulo numpak motor kan lagi latihan.."

Sardot ora sido di tilang

Esuk'e sardot numpak'i motore maneh ..
Lagi-lagi sardot di sumprit sodron sing lagi tugas..

"prittt !!! sampean niku numpak'e motor membahayakan orang lain. Sampean bener bener bakal tak tilang !! "

"waduh pak.. jenengan mbokyo gadah toleransi sekedik kalih kulo tow pak pak..kulo kan nembe latihan"

Sardot ora sido di tilang

Esuk'e sardot numpak motor maneh..tapi sardot nabrak truk lan mencelat nyungsep nang got..

Mukri sing pejalan kaki weruh kejadian iku langsung lapor karo sodron sing lagi tugas

"pak polisi..wonten kecelakaan pak.."

"nang ndi?"

"teng mriku"

Sodron langsung mluncur nang TKP.

Sampe TKP, Sodron malah guyu gulung kuming..

Mukri sing heran banjur takon

"lho pak wonten kecelakaan kok jenengan malah guyu ngakak...."

"wis ora usah di urusi..Dewekne kan lagi LATIHAN"

Mukri :@%&+@???
Mulih sekolah sardot seneng banget,mesam mesem katon wong menang kuis

tekan omah,sardot di takoni juminten ibune

"lapo le..anake simbok sing bagus dhewe mesam mesem..?"

"niki mbok..wau ting sekolah ulangan kulo angsal nilai 100.."

"oalaah..pancen pinter tenan kowe le..ora rugi simbok adol sawah kanggo biaya sekolah mu.."

"hehew..alhamdulillah mbok..niki kan ugi berkat pandongane simbok.."

"bener le..saben wengi simbok donga,supayane awak mu pinter,iso dadi mentri.."

"mboten purun dados mentri,kulo pingen dados presiden mbok.."

"sak karep mu le..pingen dadi opo wae..simbok melu seneng..ngomong ngomong endi kertas ulangan mu le..simbok tak ndelok.."

(ndudohno kertas ulangan)
"niki mbok..

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Matematika=30
Kimia=40
Bahasa=30

Juminten: (ngrikiti kertas ulangan)
Wektu iku sardot mancal satria FU'ne nuju ing SPBU ameh isi bensin peraiapan kanggo ngapeli juminten

"mas...isi bensin full tank yo..."

"ora iso kang..."

"opo bensine entek mas..."

"ora kang..."

"opo tanki bensin ku kegedhen mas..."

"ora kang..."

sardot mulai emosi
"opo pean pegawai anyaran mas...ora mudeng full tank...awit mau ameh isi bensin ngomong ora ora terus...dasar pegawai SPBU g*bl*k...!!!"

(gantian emosi)
"pean kuwi sing g*bl*k kang...dwit mung 5ewu jaluk isi bensin fulltank...memange SPBU'ne mbah mu...!!!"

sardot: (ngombe bensin 1liter)
Critane Sardot karo Juminten lagi malem mingguan..

Sardot : "Jum sayaaang..."

Juminten : "opo tow mas..isin aku..xixixi.."

Sardot : "..senadyan Rambutmu tumanen.. mripatmu gedi sebelah .. Irungmu mbangir menjero......."

Juminten : "..maas...."

Sardot : "... Pipimu jerawaten ....lambemu ndower... janggutmu ora simetris...."

Juminten : "..maaas..."

Sardot : "..tanganmu koyo kuli.. Bodimu kowo truk gandeng.. Sikilmu koyo gebug maling..."

Juminten : "maaaaass..."

Sardot : "...ambumu koyo bathang walang sangit... mlakumu koyo ono lindu.. Ngguyumu medeni bocah... Nek turu ngorok sepur..."

Juminten : "..MAS !!"

Sardot : "..manganmu sak wajan kurang... Ngombemu galonan.. Entutmu suarane koyo ......"

Juminten : "..MAAAAAAAAASSSSSSS!!!!!! SAMPEYAN JANE AMEH NGRAYU PO NGEJAK GELUT TOW???"

Sardot : "mengko ndhisik jum..aku rung rampung ki lho...Sing paling penting kan akhire.."

Juminten : "lha akhire piye mas?"

Sardot : "akhire ngene dek jum.. Rungokno tenan yo.....Pokoke senadyan elekmu koyo ngopo jum,.aku tetep kepengen......
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
....ISO UCUL SEKO MONSTER WEDOK!!! "
.
*sardot mlayu nggimpar..juminten ngoyak karo nggowo arit..
Arifin : Permisi...
Petugas : Silahkan. Sudah siap ?
sehat kan ?
Arifin : Iya, Pak...
Petugas : Namamu ?
Arifin : Arifin , Pak
Petugas : Pendidikanmu terakhir apa?
Arifin : Hukum, Pak
Petugas : Wah, tidak bisa diterima
disini...
Arifin : Alasannya Pak ?
Petugas : Kebanyakan ngomong
nanti, malah tidak kerja..
Arifin : Tapi saya mantan diplomat
lho Pak
Petugas : Tambah tidak diterima
Arifin : Loh kok bisa Pak ?
Petugas : Nanti kerjaanmu cuma
rapat-rapat saja...
Petugas : Kamu punya
rumah tidak ?
Arifin : Belum, Pak
Petugas : Wah, kamu tidak bisa
diterima disini...
Arifin : Kok gitu Pak ?
Petugas : Nanti kamu pasti
mengajukan utang di
perusahaan
Arifin : Ah, tidak kok Pak,
sebenarnya orang tua
saya itu sudah kaya...
Petugas : Ya, malah tidak diterima
Arifin : Lho, Kenapa pak ?
Petugas : Nanti kamu kerja cuma
buat hiburan, cuma nongkrong.
Petugas : Kamu punya motor apa
tidak ?
Arifin : Tidak Pak
Petugas : Tidak diterima...
Arifin : Loh kok tidak diterima ?
Petugas : Nanti kamu pasti minta
bantuan kredit
Arifin : Sebenarnya punya, tapi
masih di kampung, gampang
nanti saya bawa kesini
Petugas : Wah, malah tidak
diterima
Arifin : Kok begitu pak
Petugas : Tempat parkirnya sudah
penuh.
Petugas : Kamu suka lelucon atau
tidak ?
Arifin : Tidak Pak, saya serius kalau
bekerja...
Petugas : Tidak diterima
Arifin : Wah.. kok begitu ?
Petugas : Nanti rekan kerjamu
dan anak buahmu pada setress
Arifin : Sebenarnya ya sedikit -
sedikit suka lelucon
Petugas : Semakin tidak diterima
Arifin : Loh Pak ?
Petugas : Nanti kamu cuma
ngelucu kerjaannya.
Petugas : Kamu sehat apa tidak ?
Arifin : Lha saya ya sehat Pak
Petugas : Tidak diterima
Arifin : Kenapa Pak ?
Petugas : Nanti kamu pasti tidak
betah disini
Arifin : Cukup itu dulu Pak... sampai
disini sudah sedikit gila
Petugas : Malah tidak diterima
Arifin : Gimana sih Pak ?
Petugas : Nanti saya punya
saingan donk
Arifin : WAAAAAAAAAAAAH,
TERNYATA PETUGASNYA GILA...!!!

Senin, 01 Oktober 2012

Sardot karo Sodrun lagi nongkrong neng warung nunggu wayahe buko..

Sodrun;"dot.. Regane mobil avanza piro yo?"

Sardot;"nggaya men kowe kuwi..bar ngrampok endi kowe?"

Sodrun;"ngece yo..mbok elek ngeneki bapakku sugih to ya..otakmu nek didol wae aku kuat mbayar lah.. Tapi ping 3 yo..hehehe"

Sardot;"gelot wae yo drun??"

Sodrun;"halah koyo ngono wae nesu? Tenan ki aku golek mobil avanza..ono pandangan pora dot?"

Sardot;"ono kae, murah,.njaluke mung 3juta.. Tapi barang bekas.."

Sodrun;"halah ngapusi..mosok murah men.. Bekas ketabrak sepur pow?"

Sardot;"Ora drun, barange mulus tenan kok.. Iso mlaku banter lho.. Cuma mobil kuwi elek-e siji.. SETIR-E NENG KIWO.."

Sodrun;"wah.. Kok aneh?tapi ora masalah lah.."

Sardot;"sek..sek.. drun aku rung rampung ngomong.. SETIRE NENG KIWO.. .
.
.
.
.
.
.
.
GAS-E NENG TENGEN..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
trus REM-E NENG MBURI..." (sardot karo mlayu)
sudrun;"ngrakoti sendok"