Sabtu, 26 Oktober 2013

Iki critane juminten dadi rondo lan umure 60 thn.

Tapi Juminten mujur uripe amargo arep rabi maneh olih joko ting ting sing umure lg 23 thn. Sebut ae jenenge sardot.

Nembe wae 3 dino dadi manten,sardot ndilalah ninggal mendadak.

juminten sing bingung amargo bojone ninggal mendadak langsung telpon dokter .

dokter mau banjur mluncur nang omahe juminten lan mayite sardot di gowo nang rumah sakit guno arep di otopsi.

sakwise mayite di otopsi, juminten banjur takon karo doktere amargo penasaran karo kematiane bojone sing mendadak

"sak benere bojo kulo gadah penyakit nopo tow dok..?"

"ngeten bu..sakbenere bojone jenengan boten gadah penyakit"

"tp knopo kok saget ninggal?"

"niku amargo bojone jenengan keracunan"

"hah keracunan? Emange bojone kulo keracunan nopo tow dok??" (penasaran)

"bojone jenengan keracunan

.

.

.

.

.

.

.

.

kakehan ngombe SUSU KADALUWARSA"
Iki critane juminten dadi rondo lan umure 60 thn.

Tapi Juminten mujur uripe amargo arep rabi maneh olih joko ting ting sing umure lg 23 thn. Sebut ae jenenge sardot.

Nembe wae 3 dino dadi manten,sardot ndilalah ninggal mendadak.

juminten sing bingung amargo bojone ninggal mendadak langsung telpon dokter .

dokter mau banjur mluncur nang omahe juminten lan mayite sardot di gowo nang rumah sakit guno arep di otopsi.

sakwise mayite di otopsi, juminten banjur takon karo doktere amargo penasaran karo kematiane bojone sing mendadak

"sak benere bojo kulo gadah penyakit nopo tow dok..?"

"ngeten bu..sakbenere bojone jenengan boten gadah penyakit"

"tp knopo kok saget ninggal?"

"niku amargo bojone jenengan keracunan"

"hah keracunan? Emange bojone kulo keracunan nopo tow dok??" (penasaran)

"bojone jenengan keracunan

.

.

.

.

.

.

.

.

kakehan ngombe SUSU KADALUWARSA"
CRITO PITULAS...MARI MOCO LANGSUNG KRAMAS ENTEK SHAMPOO 5 BOTOL

Monggo lur .. Cekribott... Ojo karo Ngeces nak moco...Behahahaaa36D

Juminten Seng Wes Pacaran Sui Karo Sardot,, durung tau Nglakok'e (Melakukan) anuh...Reti to lur maksudku??

Juminten : mas... *Karo Senderan Neng Pundak'e Sardot*

Sardot : piye adinda-ku sayang... Muehehehe

Juminten : Wes pacaran karo
sampeyan suwi,,, aku urung tau anuh mas.. *Karo Kedip-Kedip*

Sardot : anuh piye jum ??
*Mesem Sumringah*

Juminten : yo anuh mas...Mosok rak reti?? Xixiiii....

Sardot : ooo... *Mesem Codot*

Juminten : mumpung bapak lagi lungo karo Ibuk mas... Sedelok wae yok mas... Xixiii....

Sardot : Hu'um... *Manggut-Manggut*

Juminten : Buka disek to mas ???

Sardot : buka sitik opo akeh dek ???

Juminten : yo seng akeh to mas...Ayo mas...

Sardot : yo wes kene dek.. Wes siap tempur ki... Hihihi

Juminten : Mas ?? Kok cilik nemen mas ?? Cilik tapi dowo.. Hihihi....

Sardot : lha ngene iki dek... *Mesem Truwellu*
Yo wes kene dek,,, Ndang dilebok'e neng bolongan'e...

Juminten : ayo mas.. Wes siap ki...

Sardot : cilik nemen dek,bolongan'e....

Juminten : jeneng'e wae gek pertama mas.. Ayo mas... Wes rak sabar ki...

Sardot : ngosek sek,, ki gek jajal tak lebokno..

Juminten : yo wes,, kene wae aku seng nglebok'e.. Hihiiii

Sardot : wah mantep tenan ki dek...

Juminten : uhhhh.... Angel nemen mas....

Sardot : ayo dek,, sitik meneh
mlebu... Uhhhhhh

Juminten : sitik meneh mas...
Uhhh...ihhh....

Sardot : Nungging sitik dek,, ben isocmlebu....

Juminten : Ahhhh masss......
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
Akhire mlebu Botol'e mas... Angel nemen iki..Latihan Nglebok'e pensil neng njero
Botol gawe 17 Agustus'an...

Sardot : iyo dek... Latihan nglebok'e (Masukkan) pensil neng njero botol wae angel nemen... Opo meneh
engko nek wes Lomba 17
AGUSTUS'an....
Iki CRITo pas sardot,sodron lan mukri lagi SMP

bocah-bocah kuwi konco kenthel tenan lur.. nangdi
wae dolan bareng..

koyo dino kuwi,bali sekolah
langsung podho ngumpul neng kamare sardot karo niate ameh podho joinan udud tapi umpet-umpetan wedi konangan mbakyune sardot sing jenenge
juminten..

mukri : "aman pora dot?"

sodron : "iyo ki.. mbakyumu nangdi dot?"

sardot : (karo nyumet rokok)"pfuuuuuhhh.. sante wae cah...mbakyuku neng kamar sebelah...nyoh ki gilirane sopo?"

mukri : (nyaut) "pfuuuuuhh..
uhuk..uhuk.. asem.. kloloden
mbako..."

sodron : (mbisiki) "ssssttt.. paok!ojo seru-seru ngomonge kri!!"

sardot : (mbisiki) "pekok kowe
kri.. kebulmu kuwi lho..ambune tekan kamare mbakyuku...waduh..kepiye iki..?"

mukri : "cah lanang kok criwis..wes.. manut ideku wae.."

sardot + sodron : "piye??"

mukri : "dewe gantian NGENTUT men ambune rokok ra konangan..
pfuuuuuhh.. uhuk.. uhuk.. asem..kloloden maneh..nyoh dron gantian.."

sodron : (nyaut rokoke)"apik
idemu.. kene aku ndisik tak
ngentut yo? hehehe"

saknaliko sodron ngentut..
PHUUUUUUUUSSSS...

sardot karo mukri tutupan irung karo muni-muni tapi alon..

ora suwe mbakyune sardot mbengok seko kamar sebelah..

juminten : "dooottt!!"

sardot : (wedi) "o..ono opo
mbaaak??"

juminten : "simbok lagi ngliwet
pora? kok aku mambu LIWET
GOSONG??"

bocah 3 kuwi langsung podho ngguyu cekikikan tapi alon-alon..

sardot : "o..ora kok mbaak..
hmmpff..xixixixi.."

mukri : (mbisiki) "xixixi.. apik to ideku cah? saiki gantian aku sing ngentut yo.. siji.. loro.. te..luuu..
PHUUUUUSS..PRIET..PRIEEET..
DUT!!

sardot karo sodron langsung
mlayu neng jendelo bingung ra iso ambegan amargo entute mukri iki ambune dahsyat tenan..

juminten : "doooooottttt!!"

sardot : (nahan ngguyu) "hmmmffttt.. o..opo maneh sih mbak?? xixixixi.."

juminten : "NEK BAR NGANGGO JUMBLENG KI
MBOK DISIRAM DOT!!
SETAAAAN!!"

cah 3 kuwi guling koming karo nahan ngguyu.. ngasi
podho pancal-pancalan sikil saking geline..

sardot : (mbisiki) :"sssttt iki
rokok'e kan wes entek? tapi aku awit mau durung ngentut.. ra popo yo nek aku tetep urun sithik? wuekekekek...

..bersedia..

..siaaaapp...

..nyooohh..

PHUUUUUUUUUUUUUUS...
BRUUUUTT.. BRUUUUTT..
PREKETEEEEKKK!!!

mukri karo sodron ora kuat..
langsung mlayu metu omah karo tutupan irung kabeh.. amargo entute sardot ambune ora umum..ora normal.. pokoke koyo uduk gas-e menungso lah..

juminten : "DOOOOOTTTT!!"

sardot : "xixixi..hmmffhhh..
pi..piye mb..mbaaak??"

juminten : "aku njaluk tulung
gelem ra? soale aku wedi dot.."

sardot : (bingung) "ono opo to
mbak??"

juminten metu seko kamar trus nemoni sardot..karo nangis.. raine abang ireng..karo tutupan irung..

juminten : "hiks..hiks..
dot..tulung....tiliki tegalan mburi......
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

KETOE ONO WONG MBUANG
MAYIT..."
.
.
.
*bocah 3 salto jempalitan karo ngakak
Critane Sardot manggon ing perumahan tipe RSSSSSSS (Rumah Sangat Sederhana Sekali Sampai Selonjor Saja Susah)

Wengi iku sakwise muleh
kerjo,sardot klekaran neng pawon amargo kesel..

Nanging lagi wae sing
klekaran,sardot keganggu suoro wong
karaoke dangdutan soko
tonggo ing sebelah..

Trus Sardot marani tonggone sing jenenge
sodron kuwi..

Sardot : hooii mas,,yen nyanyi iso alon2 ora?? suaramu ora poliponik,,ojo seru2...(ngangkat lemari)

Sodron : kowe aneh mas..sing nyanyi aku kok sing sewot malah kowe??

Sardot : Yen suaramu penak,aku yo ora sewot mas…suoro koyo bledek
watuk ngono kok bangga…?? goro2
suoromu,kucingku dadi ora doyan mangan..(mbanting lemari)

Sodron : gayaaamu mas…emang suoromu wes apik piye?? paling yo
koyo suoro kendang jebol..huwekekee

Sardot : kowe pengen ngerti suoroku to..?? tapi sorry wae aku ora
hobi lagu dangdutan,,wes kuno...

Sodron : njut lagu senenganmu opo..??

Sardot : aku seneng lagune WEST LIFE kae…ngerti ora??muehehehee

Sodron : yo ngerti lah..sing terkenal lewat lagu MY LOVE kae to..?? aku
yo ngefans karo west life..

Sardot : iyo…saiki ono lagune west life sing paling anyar…judule MY
BOOK..

Sodron : mosok to mas..kok aku durung krungu yo..lagune piye mas..
(penasaran)

Sardot : kowe pengen krungu lagune ??

Sodron : iyo mas,,cepet ndang nyanyio lagu MY BOOK kuwi (tambah penasaran)

Sardot : yo wes aku tak
nyanyi…rungokno yo lagune west life sing judule my book iki…...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
- My book lagi…aah…My book lagii..
- Judi lagii…aaah…judi lagiii..
. kau ajak teman2 tuk My book bersamaamu..
. Kau ajak teman2 tuk judi
brsamamu…
- My book lagii…aaah..
.
.
….Plaaaakk…(sodron nguncali wajan neng lambene sardot)
Wengi wengi TRIO SMS lagi jagongan ning warkop'e Juminten sing ayu cettar membahenol ullalallaaa

Wong 3 iku ngeCRITo ngalor ngidul

Sodron : Wingi tanggal 32 Dot,Kri...

Mukri : Kowe tukaran meneh karo bojo mu?muahahahaaa

Sardot : (ngombe kopi)

Sodron : Your mouth ganjelan boto limo...ora ngono Kri,tapi....

Sardot : Ora di jatah bojo mu?muehehee

Sodron : Aaarrrrggh....(ngrawusi raine dhewe)

Sardot+Mukri : Piyr enek opo Dron?

Sodron : Tanggal 32 winggi,Bapak ku entuk panggilan makan siang bareng Ariel Noah....muahahahaa

Sardot : Ora usah bangga!!! (ngemut gelas)

Mukri : Kuwi ora sepiro...nembe seminggu wingi,Bapak entuk panggilan....

Sodron : Seko ketua KPK?huwekekekee

Sardot : (mesem puas)

Mukri : Huh! (mbanting korsi)
ora kuwi...tapi entuk panggilan makan malam bareng Bapak eSBeYe...jiakakakaa

Sodron : (keslomot udud)

Sardot : Kuwi ora sepiro...ojo sombong....(mangan gorengan)

Mukri+Sodron : (penasaran)

Sardot : Nembe sedino wingi....

Sodron : (Nyikep Mukri)

Sardot : Bapak ku entuk panggilan....

Mukri : (tutup kuping)

Sardot : Penting banget....

Sodron+Mukri : (berpelukan)

Sardot : Ora enek sing iso nandingi....

Sodron+Mukri : (merem)

Sardot : Entuk panggilan......

Sodron+Mukri : (siap koprol)

Sardot : ..........

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

...SEKO SING KUOSO.....Muehehehehee

Senin, 26 November 2012

Isuk mau sardot dolan neng omahe sodron karo nggowo bungkusan neng kresek ireng..

Sodron : "opo kuwi dot?"

Sardot : "iki aku nggowo pelem arum manis.. jajalo..manis tenan koyo aku lho,.hehehe.."

Sodron : "pelem nyolong yo?"

Sardot : "kakean cangkem gari mangan kok.."

Sodron : "sori dot..jare simbokku barang colongan ki ra dadi daging.. Pangano dewe!"

Sardot : "kowe kesambet opo dron.. Iki lho seger tenan..opo ra ngiler kowe dron?"

Sodron : "sakjane aku yo kepengen dot... Tapi...."

Sardot : "iki lho dron..peleme wernane ijo semu oranye sithik..."

Sodron (ngelek idu) : "ojo mameri toooow..."

Sardot : "Ki jal.. Ambunen sithik.. Wangine puooll.."

Sodron (nglirik sithik) : "halah dot...uwes tow.. Uwes lah..."

Sardot : "umpomo dikocek... daginge dron.. daging peleme... ckckck.. Kuning Kuandel buangeti dron.."

Sodron (Karo merem) : "duh gusti paringono sabar seko godo setan...."

Sardot : "nek dicokot sithik dron.. Sithiiiiik wae... Rasane koyo mabur neng awang awang langit kepitu... Istimewawawawawawa.."

Sodron (tutupan kuping) : "dot cukup dot..."

Sardot : "oke dron... Aku ameh jujur.. Pelem iki asline ORA PELEM COLONGAN kok.."

Sodron (kaget): "hah?? Terus pelem opo?"

Sardot : "iki jenenge pelem..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...NGUNDUH TANPO PAMIT.. "

Sodron : "hahahaha.. mbok ngomong ket mau..tak kiro nyolong.. Yo wes tak jupukno peso ndhisik.."